Search

Monday, February 11, 2013

KIDUNG DARMAWEDHA

Dandhanggula

  1. Ana Pandhita akarya wangsit, mindha kombang angajap ing tawang, susuh angin ngendi nggone, lawan galihing kangkung, wekasane langit jaladri, isine wuluh wungwang, lan gigiring punglu, tapaking kuntul anglayang, manuk miber uluking ngungkuli langit, kusuma njrah ing tawang.
  2. Ngambil banyu apikulan warih, amek geni asami adadamar, kodhok ngemuli elenge, miwah kang banyu den kum, kang dahana murub kabesmi, bumi pinetak ingkang, pawana katiyub, tanggal pisan kapurnaman, yen anenun sonteg pisan anigasi, kuda ngrap ing pandengan.
  3. Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana epang kiblat papat, agedhong mega tumembe apradapa kukuwung, kembang lintang, sagara langit, sami andaru kilat, woh surya lan tengsu, asirat bun lawan udan, apupuncak akasa bungkah pratiwi, oyode bayu bajra.
  4. Wiwitane duk anemu candhi, gogodhongan miwah wawarangkan, sihing Hyang kabesmi kabeh, tan ana janma kang wruh, yen weuha purwane dadi, candhi segara wetan, ingobar karuhun, kahyangane Sang Hyang Tunggal, sapa reke kang jumeneng mung hartati, katon tengahing tawang.
  5. Gunung agung sagara sarandil, langit ingkang amengku bawana, kawruhana ing artine, gunung sagara umung, guntur sirna amengku bumi, rug kang langit buwana, dadya weruh iku, mudya madyaning ngawiyat, mangasrama ing gunung agung sabumi, candhi – candhi sagara.
  6. Gunung luhure kagiri – giri, sagara agung datanpa sama, pan sampun kawruhan reke, artadaya puniku, datan kena cinakreng budi, anging kang sampun prapta, ing kuwasanipun, angadeg tengahing jagad, wetan kulon lor kidul ngadhap myang nginggil, kapurba kawisesa.
  7. Bumi sagara gunung myang kali, saguning kang isining bawana, kasor ing artadayane, sagara sat kang gunung, guntur sirna guwa samya nir, singa wruh artadaya, dadya teguh timbul, lan dadi paliyasing prang, yen lulungan kapapag wedi asih, sato galak suminggah.
  8. Jim peri prayangan samya wedi, mendhak asih sakehing drubiksa, rumeksa siyang dalune, singa anempuh lumpuh, tan tumama ing awak mami, kang nedya tan raharja. Kabeh pan linebur, sakehe kang nedya ala, larut sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya.
  9. Siyang ndalu rineksa Hyang Widi, dinulur saking karseng Hyang Suksma, kaidhep ing jalma kabeh, apan wikuning wiku, wikan liring pujasamadi, dadi sasedyanira, mangunah linuhung, paparab hyang tegalana, kang asimpen yen tuwajuh jroning ati, kalis ing pancabaya.
  10. Yen kinarya atunggu wong sakit, ejim setan datan wani ngambah, rineksa malaekate, nabi wali angepung, sakeh lara samya sumingkir, ingkang nedya mitenah, maring awak ingsun, rinusak dening Pangeran, eblis lanat sato mara padha mati, tumpes tapis sadaya.

1      2       3       4        5        6       7        8        9        10...

No comments: